Selasa, 12 Mei 2009

Agi pacaran enak2 ko kon kawin neng Bu Siti


Gemiyen tahun '84-'85. Nyong belajar pacaran. Wong jenenge belajar ya tekun dong. Ngalor-ngidul bareng. Explorasi anatomi dan laen sebagenya. Lha Bu Siti Rock'n Roll rupane ora patiya seneng dengan aksine nyong sing kaya mimi lan mintuna (Ujar-ujar-e) . Lha inyong dipanggil, wong loro kambi pacar itu.

Bu Siti : Apa enggane ko wis demen banget apa kambi kuwe (sembari bibir beliau
menunjuk bocaeh wadon)
inyong : enggih bu
Bu Siti : Lha ko (sambil ngode maring bocaeh wadon)?
wadon : iya bu
Bu Siti : Iya bener tapi dalanmu teksih pada tangeh lho, apa tahan gutul kawin ngko
Inyong : Ya tahan bae bu. Kawin siki ben gelem koh
Bu Siti : Angger kaya kuwe ngko tek komongna wong tuwa mu pada lho
Inyong : Ngonoh Bu
Bu Siti : Siap temenan apa ko?
Inyong : Ya iya laaaah, masa iya dong, mulan jamilah udele bodong
Bu Siti : Mulan Jamilah si sapa?
Inyong : Demenanne Ahmad Dhani, awake putih kaya sapi
Bu Siti : Ahmad Dhani kuwe sapa?
Inyong : Mulane Bu, gaul rika toli, sekali2 plesir to the future nunggang mesin waktu
ngapa..
Bu Siti : Ala mbuh lah, siki sing penting ko siap kawin ya
Inyong : Siap, Bu.

na ujar-ujare nyong wedi diancem kaya kuwe trus tambah kendho goli pacaran. O ya ora, palah tambah ndeles iya. Mung terus inyong deputus neng bocaeh wadon. Sebabe inyong jere SEMRAWUD wonge..

Pengakuan Engky di milis deltu

1 komentar:

Admin mengatakan...

mAen kuwe brad artikele.,,.,.,.,


Lucu,,,


Salam Damai Pantai Ketapang Indah Sidaurip
\m/'_'\m/