Rabu, 06 Mei 2009

Our best game was "In The Middle of Nowhere" (Part 1)


Nyong ganu pas SMA meh ben ndina dolan karo Endro. Kenapa karo Endro terus? Sebab Endro thok sing gelem dolan amben ndina karo inyong. Na men ora "bete" kita berdua slalu berusaha golet ide ngapa bae lah. Terutama sing ora perlu metu duwit akeh. Soalle beda urusan angger pas agi duwe duwit (tuku Mansion House si jelas, dijamin ora bete)

Salah siji permainan sing paling kita gemari adalah "In The Middle of Nowhere". Yaitu kita boncengan naik motor, sing mbonceng siraeh diblebed benting (stagen) dadi ora weruh apa2 (kaya mumi). Terus digawa maring suatu titik sing paling nderik, dan sampe disitu blebedan benting pembonceng diudhari dan ganti dia yang bawa motor kembali ke titik tadi berangkat dari mana. Angger ora bisa nggawa balik (keder) berarti kalah.

Lha inyong sering banget kalah (endro pinter banget angger gawe deception; contone orientasi araeh inyong dadi bingung soale diubeng-ubengna neng lampu tengah alun2 ngasekan ping rong puluh ana; ngasi inyong mutah3). Lokasi titik drop-e endro anu kenthir; tau neng Kalibogor (perek sareanne Mbah Jembluk) jan nyong keder-e por. Terus tau neng kebocoran manjat maning nganah (Sunyalangu apa kae jenenge), ujarku neng baturaden inyong bingunge porr. Terus tau degawa maring Pegalongan neng pinggir kali logawa Patikraja (goli deception pinter banget; api3 takon ngewong; karang kmiri pundi?; ya bayangane inyong karang kmiri cilongok ya).

Tau saking judheg-e nyong kalah terus tiba3 nyong duwe ide iseng. Pas endro sing "masang" tek gawa bae maring Curug Ceheng ngalor maning nganah (Banteran, Sumbang) tek blesekna maring kampung3. Ngertine inyong kono kuwe distrik lampu merah. Akeh pangkalan prostitusi desa neng umah2 penduduk. Inyong paham, endro apal banget daerah ngonoh soalle endro termasuk pemerhati social disease yang satu ini, paling angger mbukak benting ngko misuh2..

Ya bener bae, neng nggili dalam perjalanan endro wis ngoceh, "kayane nyong apal ambune kiye maring ngendi lho, Eng." Tek jawab, "Wis meneng bae ko, Ndro, sing penting ko teyeng bali ora, mengkone." Jere Endro maning, "Kecil, yaaa..."

to be continued...

( nyong gelem nerusna critane angger ana tanda aman sekang moderator, soale dongenge inyong akeh berisi explicit materials)

Pengakuan Polos dari Engky, the true story

Tidak ada komentar: