Senin, 11 Mei 2009

Our best game was "In The Middle of Nowhere" PART II


Sepanjang jalan endro ngomong bae kambi prengas-prenges neng mburi, "kiye kayane nyong ngerti ming endi kyeh.."

"Wis ora mungkin, ya. Ko kena menang ping bola-bali tapi sing siki wis titi wancine. Ora bisa wong menang terus ora nganggo kalah." Ujarku kaya kuwe ming Endro.

"Okeyh, Eng, jajal, arep gutul ngendi tek tutna.. mesti teyeng bali nyong."

Singkat kata perjalanan wis gutul Sumbang. Inyong tetep gawe deception, tek gawa ngalor dhisit nembe ngidul maning balik maring area perumahan tempat prostitusi desa tersebut. Tek blesekna mlebu gili lemah mlebu ngulon. Dalanne sempit. Tapi nyong cukup familiar liwat gili kuwe. Mlebu ana nek setengah kilo, ngantekan gutul area sing wis langka umah. Anane wit-witan cengkeh kambi wit2an alas. Tek blesekna mlebu alase wong, mlebu jero banget gutul tengah.

"Deneng mblasak-mblasak kebon, Eng? Mbok ana ulha lho. Ko kemutan Bokir (Utanto Basar; adik kelas) mbok, ketiban ulha pas agi mancing kambi Witjak? --- heh heh nyong ngerti kiye ngendi, nyong ngerti kiye ngendi"

Wis krasa cukup jero inyong mandheg. Motor depateni. Endro njaluk tulung diudhari bentinge. Wis udhar, gedheg2 mbenerna orientasi. Clingak-clinguk kambi mikir, mikir. Biasane angger wis kaya kuwe terus dheweke mlaku keliling sekitar golet arah karo berusaha golet hint kira-kira neng endi. Saben di drop ming endi bae mesthi kaya kuwe. Wis tau mbiyen gobloge aku tek gawa maring daerah Notog, lha inyong ora kemutan lamona leluhure Endro kuwe wong daerah kono (Kalirajut) ya terang bae dalam sekejap mata Endro terus cemplak bae, "Yuh bali siki!"

Lha siki neng Sumbang, walopun Endro familiar neng daerah kiye tapi harapanne dheweke bakalan ora ngira Inyong bakal ngedrop neng teritorial e dheweke. Nek bahasa intelijen ne ya probe the eagle's nest.

Beberapa saat kuwe, clingak-clinguk. Wis tek tunggu-tunggu, kata-kata menyerah, apa langsung naik motor (nek wis neng motor dalam 10 menit ora teyeng nemu jalan balik berarti KO). Suwe tek tunggu3 teksih tetep clingak-clinguk karo mondar-mandir. Terus dheweke takon, "Nyong orientasi mlaku lewih adoh semending, olih pora?" Nyong njawab, "Karepe ngonoh. Asal sportif bae" Terus jere Endro maning, "Ya wis, nyong tek muter dhela ya, ko aja ngendi3, kene bae." "Iya, wis."

Endro klepat mengilang. Nyong jagongan neng motor kambi udud. Dhewekan. Udud, seler entong, endro ora muncul. Nyumed udud maning, serot ngasi entong, endro ora muncul3 juga. Gemblung suwe temen, maring ngendi kye batinku. Mesti curang wis mlaku gutul pasar, terus balik3 ngomong kesasar, terus ngerti3 wis teyeng balik dengan lancar kaya kuwe. Udud maning. Entong udude, durung balik juga. Ora bener kyeh..

Motor tek tuntun turut gili lemah, sengaja ora tek onekna mbok di enteni endro neng suatu titik terus ngece, "Wedi apa neng alas dhewek, Eng?" Terus motor tek tuntun ngasi wis perek area dusun. Nyong ya clingak-clinguk e mbok weruh Endro seklebatan. Nah, pas-pasan ana ibu3 nggawa rantang. Dia merhatikan inyong sing kaya nggolet sesuatu. Terus takon ibu3ne, "Madosi napa, Mas?"

"Madosi rencange kula, larena lemu cemeng kacamataan bathuke amba."
"Kaose putih, nggih Mas?"
"Enggih leres. Semerep napa, Yu?"
"O enggih nika larene, teng nggriya sing lawange abrit, njenengan lurus ampun gutul margi terus menggok ngidul. Mangke onten griya sing lawang-e abrit. Wau kalih sing namine Sukinah."

Oooo dasar,, basan wis kesuwun langsung tek parani nggon sing ditidokna ibu3 kuwe mau. Umah sing lawange abang. Langsung parkir, langsung tek leboni. Wong wadonan sing neng kono mempersilakan inyong masuk."Mangga, Mas, ngunjuk napa, bade istirahat napa dll.." "Anu mboten mba, nenggoni rencang kula, kalih mba Sukinah." "Ooo sing lemu kae miki yaa.. Iya kae miki wonge lucu banget prengas-prenges jere lagi desambi angon wedhus mampir. Wedhus-e pundi?" "Genah kula niki wedhus-e, ditandur teng alas ko wau." "Deentosi mawon, Mas, sekedhap malih toli medal, wong mpun ket wau."

Bener bae, ora suwe Endro metu kang kamar kambi Mba Sukinah sing rambute kriting kaya Dee Dee McCall (partner-e Hunter). Mrenges, kambi aseng nyong metu, terus ngomong, "Nyerah nyong, Eng. Ora ngerti dalan bali. Ko ngarep lah!" langsung Endro nyemplak neng jok mburi. Sepanjang perjalanan balik endrone ora ngoceh. Kayane turu. Lemes.

Pengakuan Dimas Engky Widiokongko di milis deltu

Tidak ada komentar: